CERKAK BASA JAWA


Nonik Liorentoku
Karya: Sela Puspita Ramadani/ XI MIPA 4



Ing wayah diwangkara katon sumringah ing sisih kulon. Mbah Sloreh mlaku-mlaku ing taman kanggo nyenengake awak sing tambah suwe uga tambah kisut kulite. Mbah Sloreh lungguh ing kursi roda dikancani marang putu angkate, Gayatri.
"Nduk, mandek ing kene wae! Panggonane apik yen disawang, awakku iso ndelok ramene dunyo ing jaman saiki uga dara-dara sing ayem tentrem urip e," omong e Mbah Sloreh marang Gayatri.
"Inggih mbah," manut e Gayatri.
“Deloko, ing sisih kono ana sarimbit sing lagi kasmaran. Srengenge mentas njedul, pitik jago uga isih kluruk ananging dheweke wes nuwuhake tresnane. Pancen bocah jaman saiki pada  kendhel," omong e Mbah Sloreh sambi nuding bocah loro sing lagi kasmaran ing sisih etan karo ngguyu.
"Ngapunten mbah, ananging sakniki sampun dalu. Srengenge ugi sampun mlampah ingkang sisih etan," genahne Gayatri.
"Awakmu isih enom nduk, dalanmu uga isih dawa. Mengko awakmu uga bakalan ngerti yokpo dalan pikire panguripan iki," jawab e Mbah Sloreh sing ora bisa dingerteni marang Gayatri.
"Ngapunten, pengangkahipun menapa mbah?"
Mbah Sloreh mung meneng wae. Gayatri banjur nyawang sakubenge taman. Anggone nyawang panggonan iku tambah dimet-metake, ing kono akeh bocah-bocah cilik sing lagi kasmaran lan kebek wong sing pingin ngilangake rekasane urip.
"Panggonan iki mung nambah rekasa wae, ayo moleh!"
"Ngapunten, wonten menapa toh mbah?"
Mbah Sloreh mbalek meneng maneh, ora jawab pitakonane Gayatri. Mbah Sloreh mung nyopot kopyah ing sirahe lan nyoba ngrungokake tembang sing krungu tekan adoh. Swara tembang sing alon-alon krungu ing kupinge iku, surasa pas nggambarake batin sing ora bisa dijlentrehake marang Mbah Sloreh.  Ndelok kahanan sakubenge,  tansaya nambahake rekasa sing nyobak disimpen. Mbah Sloreh nduweni kenangan sing ora bisa diilangake ing panggonan iki. Kedadean-kedadean jaman biyen surasa ngiter ing sirahe lan ngubek-ubek pikirane.
Mbah Sloreh banjur ngetokake buku kandhel katutup sampul biru sing katon mbulak warnane.
"Ing panggonan iki aku oleh rasa bungah uga oleh rekasa. Ing panggonan iki, aku miwiti crito. Nonik Liorento..."
//Nonik kuwi pancen cah wadon ayu kayata Dewi Sinta. Dheweke nduweni pawakan ramping, pakulitane ngulit langsep, mripate ndamar kanginan, swarane ngombak banyu lan eseme uga kaya madu pinastika kang bisa narik perhatiane kabeh wong sing nyawang. Dheweke nduweni watak andhap ansor lan pinter saengga disenengi marang wong akeh. Panguripane mesti gawe wong pinggin nulis kisahne, salah sijine awakku. Sloreh.//
•••••

"Goedenavond, mag ik in deze stoel zitten?" swara banter tur gedhe mbubrahake awakku sing kate mapan turu.
"Londo ngomong cara coro! Kowe ganggu wayah turuku,” amukku marang wong lanang Londo gedhe dukur sing ujug-ujug teka ing pinggirku.
Wong lanang kuwi teka karo wong wadon sing uga Londo ngadhek ing pinggire. Wong wadon iku banjur ngibasake tangane lan ujug-ujug wong lanang iku ngaleh.
"Kula nyuwun pangapunten.”
“Elah dalah, kowe iki wong Londo opo Jawa?”

Wong wadon iku meneng wae ora njawab pitakonanku. Dheweke mung lungguh lan sibuk macak ing ngarep koco cilik kanggo nata rambut coklat tur dawae.

“Senajan ayu rupamu lan apik praupanmu, kowe iki tetep Londo. Kowe mesti nyamar ngomong basa Jawa mung kanggo ngapusi sliraku. Ngaliho!”

Senajan kula katileman Londo ananging gesang kula tetep Jawa,” jawabe kang ndudut ati.

Krungu jawaban iku, anggonku sing awale ngadhek pingin ngusir langsung mbalek lungguh. Penggawene sing sopan banjur ndadekake awakku rumangsa ora bener. Sajrone iki, pertama kalie awakku ketemu marang wong wadon sing becik uga kalem penggawene.

“Oalah Gusti, awakku iki pancen wong lanang sing ala lan urakan gawenane,” omongku ngglambyar marang awakku dewe, lagekne wong wadon iku mung mesem ngguyu jalaran nyawang wong lanang sing linglung ing pinggire.
           
“Sepurane sing akeh. Sampeyan lungguh ing kene wae, aku arepe ngaleh.”

Mboten menapa-napa Mas Sloreh, panjenengan lenggah ten mriki mawon.”

Byarrr...

Krungu wong wadon ayu arupa widadari iku nyeluk jeneng samaranku, ngantuk lan pegelku langsung ilang. Banjur muncul pitakonan akeh sing ngiter ing sirahku kang pingin tak gradakake.

//Sopo sejatine wong wadon iki? Piye carane dheweke ngerti jeneng samaranku? Geneya bisa ngomong Basa Jawa? Sopo sejatine wong wadon iki? Sopo Gusti?//

“Sejatine sampeyan iki sapa toh? Kok bisa ngerti jenengku?”

“Kula semerap asmane panjengan sampun singen. Panjenengan niku seniman ugi sastrawan ingkang sae. Kula remen maos geguritane panjengan,” anggone jawab kalem sambi nyawang dara-dara ing sakubenge.

“Sampeyan wes ngerti jenengku. Sampeyan uga mesti ngerti panguripanku luwih tekan awakku dhewe, saengga aku ora perlu ngenalake sliraku. Saiki sapa sejatine sampeyan, iku sing perlu dikenalake.”

“Luwih sae panjenengan mboten ngertos asma kula. Kula katileman Londo, kula nggadah ludira Walanda.”

Wong wadon iku banjur ngadhek menehi pakan marang dara-dara ing sakubenge. Yen tak sawang, anggone mlaku kaya ora duwe tujuan lan matane uga nanar. Anggone njawab pitakonanku menehi weruh yen dheweke pancen ora gelem ndunduhi sapa sejatine slirane. Saiki sing tak weruhi mung siji yaiku dheweke nduweni tindak-tanduk sing apik lan beda marang wong wadon liyane. Aku banjur ngadhek lan nyedeki wong wadon iku, nggarep supaya aku bisa ngerti luwih adoh marang panguripane.

“Nonik. Aku oleh toh nyeluk sampeyan Nonik?” Takonku tekan mburi.

Hahaha... saestu panjengan niki lucu sanget,” omonge karo ngguyu sing katon maremake ati.       

“Jawaban iku tak anggep tandane sampeyan setuju. Jeneng iku pas karo praupane wong e.”

“Nonik,” omongku bebarengan karo omonge wong wadon iku tansah dibarengi ngguyu.

Ing tengah riwuhe panguripan ing panggonan iki, awakku ngarasa ana sing beda karo ati iki marang wong wadon sing ana ing pinggirku. Tindak-tanduk lan rupane sing becik arupa wesi sembrani kang bisa narik sliraku senajan isih entas ketemu. Srengenge sing ngenani raine tekan pinggir, tansaya nambahake cahya ing pipine kang katon abang mbranang.
               
Sore iku, ing panggonan iki aku lan Nonik crito akeh tentang kahanan panguripane manungsa. Nonik nduweni getih Londo tekan bapakke. Senajan dheweke keturunan Londo ananging dheweke seneng banget marang Indonesia. Ora krasa anggonku lan Nonik crito tentang panguripan iki wes suwe. Langit ing ndukur uga tansaya peteng wernane.

"Sajrone iki aku mesti mikir menawa kabeh wong Londo iku mesti tumindhak ala. Nanging saiki aku sadar yen pikiranku kuwi salah, ora kabeh Londo iku ala. Sampeyan kuwi beda marang wong Londo liyane. Tumindhak apik lan kalem lakune. Aku uga yakin mesti kaluwargane sampeyan kuwi wong sing apik uga ora termasuk wong sing njajah Nusantara iki."

"Panjenengan niku tiyang sae. Kula sampun ngertos rekasane panjenangan dhateng geguritan Pupuh Palastra. Geguritan e panjenengan ndamel kula saged gesang sampek sakniki."

"Sampeyan iku ngomong opo toh, aku ora paham."

"Kula badhe jujur menawi rama kula inggih tumut njajah Nusantara. Rama kula mboyong tiyang Malang dhateng Batavia kangge kerja rodi."

Sakwise krungu omonge Nonik, aku langsung mlaku ngaleh ngadoh ngarep supaya ora bisa ngamuk. Senajan ing njero ati awakku wes panas menawa iling bangsa Walanda gawe uripku lan keluwargaku rekasa.

"Soetardji Loma Rehdjendra," swara kalem krungu nyeluk jenengku ing mburi, aku langsung mandhekake anggonku mlaku.

Aku mung meneng wae ora ndelok uga ora mbalek menyang mburi. Aku ngadhek njegidhek senajan ing batinku pingin ngamuk marang wong keturunan Walanda iku. Aku nyobak ngepelake tangan supaya ora sampek nglakokake tumindhak ala.

"Kula tresna panjengan Mas. Kula ngertos menawi panjenengan mboten remen dhateng ketileman Londo kados kula. Kula inggih paham menawi panjenengan gething dhateng bangsa Walanda."

//Ing ngendi-ngendi, wong Londo mesti tumindhak ala. Sampek kapan wae aku bakal gething marang bangsa Walanda. Dheweke kabeh wes gawe uripku lan kaluwargaku rekasa, dheweke tega misahake aku tekan wong tuwaku.//

"Sampeyan bener, aku pancen ora seneng marang kabeh wong Londo. Aku uga ora seneng marang wong keturunan Londo kayata sampeyan. Mula saiki ngaliho!"


Nonik mung meneng uga mbrebes mili eluhe sakwise aku ngusir slirane. Sejatine aku ora tega nyawang eluh rutuh ing pipi mbranange. Ananging dheweke keturunan Londo lan sampek kapan wae aku ora bakal bisa nyepura bangsa Walanda. Nonik banjur ngetokake buku kandhel katutup sampul werna biru. Buku iku disodorno marang awakku.

"Buku niki isinipun geguritan lan layang dhateng tiyang ingkang panjengan tresnani. Mugi-mugi buku niki angsal ngudari rekasane panjenengan. Saestu kula nyuwun pangapunten ingkang kathah Mas Soetardji. Sejatine rama kula inggih tiyang ingkang ndamel biyung e panjengan seda wonten Batavia," omong e Nonik sambi sesegukan nangis.

Krungu omongane Nonik, aku langsung minger ngadhep mburi. Omongane Nonik tansaya geni sing diwuncal ing batinku. Bengi iku, ing tengah ramene wong aku ngrasa mamang. Kahanan batinku munggah mudun ora bisa dijlentrehake. Aku ora percoyo marang opo sing diomongake Nonik.

"Awakmu pancen wong Londo sing seneng ngapusi. Rupamu ayu, tumindhakmu apik, lan lakumu uga kalem nanging omonganmu iku ora bener. Ibukku saiki mesti isih urip senajan aku ora ngerti ana ing ngendi. Aku ora percoyo, luwih becik yen awakmu ngaleh tekan kene."

"Panjenengan musti ngertos asma niki. Asma rama kula, Helleond Jacob Liorento."

//Jacob Liorento, iku wong Londo sing wis mekso uga mboyong ibuk lan bapakku menyang Batavia. Jacob Liorento, iku wong sing wis mbedil Mas Karman, masku. Jacob Liorento, iku wong sing wis gawe geger kampungku.//

"Jacob Liorento, endi bapakmu! Londo ora duwe ati. Aku ora trimo, Liorento kudu mati ing tanganku!"

Pikiranku bubrah, aku kalap ing panggonan iku. Kabeh rekasa sing dak tanggung sak suwene iki ana amarga tumindhak saka bapake wong wadon sing saiki ana ing ngarepku.

"Niki sedaya mboten kaluputanipun rama kula ananging niki kaluputan kula, panjenengan saged mateni kula ndamel bedhil niki. Ananging kula ngertos panjenegan tiyang ingkang sae, panjenengan mboten nate nglakonipun hal menika. Kula nyuwun pangapunten ingkang kathah mas."

"Tekan awal aku nyawang awakmu, aku ngrasa ana sing beda marang ati iki. Pancen bener yen aku tresna marang sliramu, senajan bapakmu sing salah awakmu tetep mbelani lan nutupi kaluputane.  Sapa sejatine jenengmu? Banjur aku bisa mateni sliramu lan ngudari rekasaku ing panggonan iki," omongku ngglambyar amarga batin sing rekasa banget.

"Lo, Lom, Lommm... Liorento mas, asma kula Nonik Liorento" jawabe Nonik sesenggukan.


Darrrr...

Swara bedhil krungu banter ing panggonan iku. Getih nglucur ing wetenge wong wadon Londo sing ana ing ngarepku. Wong wadon Londo sing nduweni rupa ayu, praupan apik, tumindhak becik, lan lakune kalem iku langsung nggrubyak amarga peluru saka bedhil ing tanganku nembus nang wetenge.
Bengi iku ing wayah diwangkara sayu uga kebek rekasa, ing panggonan iki. Nonik Liorento mati ing tanganku karo nggawa buku kandhel katutup sampul biru ing tangane. Buku sing durung sempet dak woco. Buku sing tulisane "Kangmas Soetardji Loma Rehdjendra."

•••••

Mbah Sloreh ngusap eluh sing mili ing pipi kripute sakwise crito marang Gayatri. Mbah Sloreh banjur nutup buku kandhel katutup sampul biru katulis "Kangmas Soetardji Loma Rehdjendra" sing ana ing tangane.

"Nonik kuwi adik kandungku sing ora tau dak crita ake marang sapa wae. Sejatine jenenge Loma Pameswari Liorento. Ing njero buku iki, aku ngerti opo ae sing dikarepake Nonik wayah iku saengga dheweke teko marani aku. Iki buku kebek geguritan lan layang saka ibuku, bapak kandungku, Mister Liorento, uga Nonik Liorentoku."

Gayatri melu mbrebes mili amarga ngrungokake crita e Mbah Sloreh. Dheweke ngerti rekasa e yen dadi Mbah Sloreh sing sak suwene iki nanggung kaluputan amarga mateni adik kandunge dhewe. Sejatine Mbah Sloreh dihukum seumur hidup ing penjara nanging dheweke dibebaskake marang bapak tirie, Helleond Jacob Liorento.

Nonik Liorento utawa Loma Pameswari Liorento sejatine anak saka ibuk kandunge Mbah Sloreh. Ing wayah ibuke diboyong menyang Batavia marang Jacob Liorento, bapak kandunge Mbah Sloreh mati ing tengah dalan. Banjur Jacob Liorento ndadekake Pameswari yaiku ibuke Mbah Sloreh dadi garwane. Ananging ing wayah Nonik isih bayi, pimpinan saka bangsa Walanda sing njajah Batavia ora setuju marang hubungan e Pameswari lan Jacob Liorento. Jacob Liorento diancem lan dihapadake marang loro pilihan yaiku mateni anak e opo garwane. Pameswari mekso bojone kanggo mateni dheweke lan nylametake uripe anake, Nonik Liorento.

 Bengi iku, ing panggonan sing ana ing tengah Kutha Malang, Mbah Sloreh miwiti uga ngakhiri critane.

"Ayo moleh nduk, panggonan iki mung ngilingake aku marang kaluputanku."

"Inggih mbah."

Gayatri banjur nyorong kursi rodae Mbah Sloreh lan mlaku ngedoh saka panggonan sing kebek crita iku.

"Sepurane, Nonio Liorentoku," omonge Mbah Sloreh lirih nyambi ngusap eluh sing arepe mbrebes mili.


TAMAT

Komentar

Postingan populer dari blog ini

NOVEL.